CERKAK
BUNGKUSAN Dening : Aulia Nur Faizah Ing sawijining dina, ana bapak-bapak lelungguhan ing lelatarane masjid. Saiki wis jam 9 bengi, masjid wis sepi mampring. Bapak sing diwenehi jenenge Bapak Danu tetep istirahat ing masjid amarga deweke bingung kudu nggawa penganan nok omah kanggo anak lan bojone. Dheweke iku tukang ojek sing nyambi dadi guru ngaji nanging ora ana bayarane. Bengi iku dheweke lagi bingung amarga anake lagi lara, anake butuh obat lan panganan, nanging Pak Danu ora nduwe dhuwit kanggo nukokno anake panganan apa maneh obat. Dumadakan pas dheweke nyawang sekitarane, dheweke nemu bungkusan sing warnane coklat. Amarga rasa penasarane Pak Danu nggawa mulih bungkusan iku. "Assalamualaikum, Buk. Iki lo, aku nemu bungkusan nok masjid." tembang Pak Danu marang bojone. "Waalaikumsalam, lo kok dijupuk to, Pak? Iku kan b...