CERKAK

BUNGKUSAN
Dening : Aulia Nur Faizah

         Ing sawijining dina, ana bapak-bapak lelungguhan ing lelatarane masjid. Saiki wis jam 9 bengi, masjid wis sepi mampring. Bapak sing diwenehi jenenge Bapak Danu tetep istirahat ing masjid amarga deweke bingung kudu nggawa penganan nok omah kanggo anak lan bojone. 

         Dheweke iku tukang ojek sing nyambi dadi guru ngaji nanging ora ana bayarane. Bengi iku dheweke lagi bingung amarga anake lagi lara, anake butuh obat lan panganan, nanging Pak Danu ora nduwe dhuwit kanggo nukokno anake panganan apa maneh obat. Dumadakan pas dheweke nyawang sekitarane, dheweke nemu bungkusan sing warnane coklat. Amarga rasa penasarane Pak Danu nggawa mulih bungkusan iku. 

         "Assalamualaikum, Buk. Iki lo, aku nemu bungkusan nok masjid." tembang Pak Danu marang bojone.

         "Waalaikumsalam, lo kok dijupuk to, Pak? Iku kan bererti duweke wong, gak sengojo keri paling. Wis balio ae nok masjid." Wangsul bojone Pak Danu. 

         Pungkasane Pak Danu ora sida mbukak lan menehno bungkusan iku marang bojone ben aman. Anake nangis terus amarga ngerasakake larane. 

         Kahanan kaya ngono iku, sing ndadekno pikirane Pak Danu saya semrawut antarane pingin mbukak utawa mbalikno sesuk bungkusane nok masjid. Ditambah pisan, panase anake durung mudun-mudun, bojone uga bingung arep tuku obat ora nduwe dhuwit, arep neng tangga wis ora dipercaya saking akeh utange. 
Saya suwe wektu saya wengi, Pak Danu lan bojone nduwe rasa pingin mbukak bungkusane. Pranyata isine dhuwit sak pirang-pirang, wong lara kaget amarga ora tau ndelok dhuwit sakmana akehe. Mula wong loro iku mutusno yek iki duduk duweke, pungkasan iku kudu dibalikake.

         "Wis, Pak. Sesuk sampeyan bali neng masjid neng panggonan olehe nemu bungkusan iku. Mesti sing nduwe bakal nggoleki." ngendikane Bu Danu. 

         Sesuk e Pak Danu neng masjid, weruh wong lingak-linguk kaya nggoleki sawijining barang, banjur Pak Danu methuki.

         "Pak, madosi napa?" pitakone Pak Danu.

         "Anu, Pak, kula madosi bungkusan coklat, isine niku arta, gadhahane kas masjid ingkang badhe disaluraken dhateng Yayasan Yatim Piatu." Wangsul wong iku. 

         "Napa menika barangipun, Pak?" tembang Pak Danu kanthi ndudohno bungkusan coklat.

         "Alhamdulillah, inggih meniko, Pak, barang ingkang kula padosi. Matur suwun nggih Pak, sampun nyimpen barang niki. Lha Bapak makariyo napa, dhateng pundi?" 

         "Kula ngojek kalih nyambi relawan ngucal ngaji dhateng masjid caket griyo kula." Wangsule Pak Danu. 

         Pungkasane cerito, Pak Danu pungkasan ditawari lan dijaluk Bapak sing nduwe bungkusan coklat, dadi guru ngaji tetep neng Yayasan masjid mau. Barengan karo rejeki iku, anak e Pak Danu sing lara uga diparingi waras maneh. Ngono iku barakah e yen wong iku gelem tumindak jujur lan sabar. 
TAMAT

Komentar

  1. Halo! Ini adalah cerkak karya sendiri, jadi maaf kalau ada struktur atau bahasa yang salah 😊

    BalasHapus

Posting Komentar

Popular

KERAJINAN LIMBAH 'SHUTTLECOCK'

DANA ALOKASI KHUSUS (DAK) PENDIDIKAN